Minggu, 05 Juli 2015

Buku Jenazah (Bahasa Jawa)


Puji syukur kaaturake marang ngarsane Gusti Alloh ta’ala Dzat sing Kuoso, ngatur lan dadiaken urip lan mati, ugoh tansah maringi werowernone nikmat. Kanti pengarep-ngarep, mugo-mugo kito kebeh biso nggayuh sampurnane nikmat arupo mati husnul khotimah, mati kanti netepi iman lan Islam. Podo karo sing wes didawuhne dining Sayyidina Ali karromallohu wajhah : تمام النعمة الموت على الإسلام
Sholawat-salam mugo tansah kalimpahake marang junjungan Nabi Agung, Nabi Muhammad saw, sing wis maringi tuntunan lam bimbingan sehinggo dadi gamblang antarane kabeneran lan kebatilan.
Dawuhe ulama : “Sopo wong yen ngamal tanpo didasari ilmu mongko amali ditolak ategesi ora diterimo”. Kahanan saiki akeh penggawean sing mestine kudu dilakoni dianggep sunat, penggawean sunat dianggep wajib. Malahan terkadang penggawean sing mestine ditinggal dianggap wajib lan
sebalike. Mulo songko iku, buku iki minongko usahane penulis supoyo anggepan-anggepan sing ora bener ora dadi budoyo ono ing tengah-tengah masyarakat sing akhire podo biso ngerti. Banjur gelem ngelakoni penggawean utowo amal kang cocok karo syare’at. Amin.

Buku iki minongko rangkuman songko keterangan-keterangan utowo hukum-hukum sing ono kitab-kitab kuning al mu’tabaroh. Kanti methil keterangan sing sekirane biso utowo nyedeki kasempurnan kanggo mulosoro mayit. Ugo biso dilakoni dening wong umum. Buku iki sengojo katulis kilawan boso jowo sing tanpo aturan (pakem) supoyo luwih gampang dingerti lan dipahami, khususe dening wong sepuh sing ora pati ngerti boso Indonesia. Senajan mengkono, kerono cekake ilmune penulis mongko kasuwun songko sopo wae supoyo gelem niti lan ngoreksi supoyo buku iki benerbener mengku “kaweruh” sing nyukupi.Cukup semene mugo-mugo buku iki tansah migunani lan dadi amal
jariyahe wong tuwone penulis. Amin

SERVER ZIDDU



0 komentar :

Posting Komentar

 

Temui Saya di Facebook

Sponsor